B. Daerah

Pertanyaan

kak bisa bikinin tembang kinanti ga?

1 Jawaban

  •  1.Nalikanira ing dalu



    Wong agung mangsah semedi

    Sirep kang balawanara

    Sadaya wus sami guling

    Nadyan ari sudarsana

    Wus dangu nggenira guling


    2.     Kukusing dupa kumelun



    Ngeningken tyas kang apekik

    Kawengku sagung jajahan

    Nanging saget angikipi

    Sang resi kaneka putra

    Kang anjog saking wiyati


    3.     Kagyat risang kapirangu



    Rinangkul kinempi-kempit

    Duh sang retnaning bawana

    Ya ki tukang walang ati

    Ya ki tukang ngenes ing tyas

    Ya ki tukang kudu gering


    4.     Teka ndadak melu-melu



    Kaya budine wong ceplik

    Lali yen kalengkangningrat

    Ing bawana amurwani

    Mustikaning jagad raya

    Dhemen lalen sangga runggi


    5.     Sun iki ngembani wuwus



    Dewa sang Hyang Hodipati

    Bathara sukma kawekas

    Sira ingkang den paringi

    Nenggih maosadi lata

    Panguripe wong sabumi


    6.     Punapa tamirah ingsun



    Prihatin was pagung mijil

    Tuhu dahat tanpa karya

    Sengkang rine mekan Gusti

    Gelung rinusak sekarnya

    Sumawur gambir melathi


    7.     Midering rat angelangut



    Lelana njajah negari

    Mubeng tepi ning samodra

    Sumengka anggraning wukir

    Anelasak wana wasa

    Tumuruning jurang trebis


    8.     Giwanging surya mbok gunung



    Teki kang pindho wlingi

    Tan gumingsir prapteng pejah

    Mung sira kang condhong budi

    Peksi reng mangsa kunarpa

    Sun dhandhang dadiya krami


    9.     Sulung enjang dhuh mbok gunung



    Pustaka pinudyeng krami

    Ngur matiya raganingwang

    Lamun tan bisa karonsih

    Ancur kaca dhuh bandara

    Kang dadi rasaning ati


    10.              Bokor siti dhuh mbok gunung



    Agawe cuwaning ati

    Cirak arga munggwing wana

    Krawitan selehing gendhing

    Durung tutug jejagongan


    Kasusu tinundhung mulih

Pertanyaan Lainnya